Sopo wonge sik ora reti arjuna, baguse ora lumrah turah. Kepingin bojo sik koyo opo kare nuding. Wong wadon ayu makimplah kimplah bakalane ora nolak yen dipilih arjuno dadi bojone.
Nyatane arjuna kepincut karo roro ireng sing pakulitane ireng tuntheng.
Ewodene arjuna wong lanang gagah kondang gantheng kok malah milih sembodro sing ireng?
Kajobo ireng pakulitane, sembodro rambute kruwel kruwel kriting nanging sembodro yo ra tau rebonding. Sanadyan koyo kui sembodro dipilih arjuna dadi garwane.
Banjur manowo koyo iki sopo sakjane sik ora bener? Arjuno sik salah pilih opo sembodro sik pasang susuk?
Kwkwkw... Sik kleru lan salah iku sejatine awake dewe kulo lan panjenengan kang tansah nyawang wong liyo soko rupo lan sandhangane.
Amarga martabate manungso iku ora manggon ing rupo lan sandhangane nangin ono ati lan tingkahlakune.
Salam tresno tulus saking nagari ajisoko.
Monday, 9 October 2017
Tresnane arjuna
Subscribe to:
Post Comments (Atom)
No comments:
Post a Comment